Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Bismillahirrahmanirrahim.
Ingkang kinurmatan:
jajaran Pengurus Cabang Nahdlatul Ulama Kota Blitar.
Ingkang kinurmatan Lurah Kepanjenkidul ( Bapak Eko Wibowo)
Ingkang kinurmatan Ketua Tanfidziyah Majelis Wakil Cabang Nahdlatul Ulama Kepanjenkidul, saha sakabehing jajaranipun.
Ingkang kinurmatan Ketua Ta'mir Musholla Al Hikmah, Bapak Abdul Wachid
Ingkang kinurmatan sedoyo Pengurus Muslimat NU ranting kepanjenkidul,
Ingkang kinurmatan sedoyo bolo konco Gerakan Pemuda Ansor ranting kepanjenkidul
Ingkang kinurmatan Pengurus Fatayat Nahdlatul Ulama ranting kepanjenkidul .
Ingkang kinurmatan Pengurus IPNU lan IPPNU ranting kepanjenkidul
Ingkang kinurmatan Bapak Ibu ingkang sampun dugi lan ndhukung acara menika.
Saha ingkang kula banggakaken, segenap panitia Lailatul Ijtima’ , ugi para rawuh sedaya ingkang tansah kinurmatan.
Alhamdulillahirabbil ‘alamin, wasshalatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin, wa ‘ala alihi wa ashabihi ajma’in. Amma ba’du.
Puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring rahmat, taufiq, saha hidayahipun dhumateng kita sedaya, séhingga kita saged makempal wonten dalu puniko ing Langgar Al-Hikmah ini ing acara Lailatul Ijtima’ ranting kepanjenkidul, putaran kaping 20 , kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal punapa.
Shalawat saha salam mugi tansah dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita ngarep-arep syafa’atipun wonten ing yaumil akhir.
Mugi-mugi acara rutin Lailatul Ijtima' niki saget nambah lancaripun rizki kito sedoyo, lancaripun barokah kito sedoyo lan saget nambah taqwa kito dumateng ngarsanipun Allah SWT.
Mugi-mugi kito sedoyo ingkang sami nglumpuk wonten mriki, ingkang sampun ngelampahi rutinan Lailatul Ijtima' niki, ugi tansah diparingi iman ingkang istiqomah, umur ingkang barokah, lan rejeki ingkang halalan thayyiban.
Mugi-mugi kito sedoyo ingkang sampun ngelampahi acara rutin Lailatul Ijtima' niki dipun paringi kawilujengan / keamanan saking balak, penyakit, lan musibah.
Mugi-mugi kerono acara rutin Lailatul Ijtima' niki, kito sedoyo dipun paringi tentreming ati, rahayu ing kulawarga, lan rukun guyub ing masyarakat.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Kula Abdullah Umar , Wonten mriki kuwulo minegkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko
Adapun runtutan acara ing dalu menika inggih menika:
1.Pembukaan
2.Pembacaan kalimah Tahlil lan doa, dipun pimpin KH Sakrip
3.Mahallulqiyam
4.Sambutan Ta'mir Musholla Al Hikmah , bapak Abdul Wahid
5.Sambutan Lurah Kepanjenkidul , Bpk Eko Wibowo
6.Sambutan dari Ketua MWCNU Kepanjenkidul
7. Tausiyah lan doa oleh Ustadz Agus Irianto
8. Musyawarah lan informasi
9.Penutup/Mushofahah + foto bersama
Acoro engkang sepindah enggeh puniko pembukaan, monggo acoro wonten dalu puniko kito bikak kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah...
Matur nuwun.
Acara salajengipun inggih menika pembacaan tahlil lan doa tahlil dipun pimpin dumateng Bpk KH Sakrip. Mangke langsung dilanjutaken Mahallulqiyam, wekdal saha papan kula aturaken.
(Sawise Tahlil )
Acara salajengipun inggih menika Sambutan-sambutan.
Sambutan ingkang sepindhah badhe dipun aturaken dening ketua Ta'mir Musholla Al Hikmah, dumateng Bapak Abdul Wahid , kawulo sungga'aken
Sambutan ingkang kaping kalih badhe dipun aturaken dening Bapak Lurah Kepanjenkidul. dhumateng panjenenganipun Bpk Eko Wibowo, wekdal saha papan kula aturaken.
Sambutan ingkang kaping tigo badhe dipun aturaken dening Ketua Tanfidziyah MWC NU Kepanjenkidul , dhumateng panjenenganipun Bapak ...., wekdal saha papan kula aturaken.
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun.
Matur nuwun sanget.
Acara salajengipun inggih menika tausiyah agama sekaligus do’a panutup, ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun Ustadz Agus Irianto. Dhumateng panjenenganipun, wekdal saha papan kula aturaken kanthi takzim.
(Tausiyah lan Doa)
Para rawuh ingkang kinurmatan, acara salajengipun inggih menika musyawarah. wekdal saha papan kula aturaken.
Para rawuh ingkang kinurmatan, sedaya runtutan acara rutin Lailatul Ijtima’ ing dalu menika sampu dilaksanaaken.
Mugi sedaya amal ibadah kita dipun tampi déning Allah SWT lan dados wasilah tambahing iman lan taqwa.
Acoro engkang terakhir inggih puniko penutup, nangin sakderenge ditutup, monggo kito sedoyo mushofahah utawi bersalam-salaman rumien lan foto bersama.
Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten
Wallahul muwaffiq ila aqwamit thariq.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

0 Komentar