Naskah MC Bahasa Jawa Singkat dan Mudah untuk Jama'ah Yasin Al-Ikhlas

 Assalamu’alaikum Wr.Wb 

Ingkang kawulo hormati poro alim soho poro ulama’ ingkang kito to’ati fatwanipun. 

Ingkang kawulo hormati poro pini sepuh soho aji sepuh.

Ingkang kawulo hormati poro bapak-bapak jama'ah yasin Al-Ikhlas.

Monggo kito panjataken raos pujo puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun dumateng kito sedoyo sehinggo wonten dalu puniko kito saget makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan setunggal punopo. 

Mugi-mugi acara rutin niki saget nambah lancaripun rizki kito sedoyo, lancaripun barokah kito sedoyo lan saget nambah taqwa kito dumateng ngarsanipun Allah SWT. 

Sholawat serta salam mugi-mugi kunjuk dumateng nabi muhammad SAW. Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito rasaaken sak meniko, soho engkang kito tunggu-tunggu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin. 

Wonten mriki kuwulo minegkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:

Acara ingkang sepindah, pembacaan arwah

Acara ingkang kaping kalih, pembacaan yasin oleh Bpk Agus Irianto

Acara ingkang kaping tigo, pembacaan tahlil lan doa tahlil oleh Bpk H Zainal Mustofa

Acara ingkang kaping sekawan, tausiyah sekaligus do’a oleh Bpk KH Ali Zen

Acoro engkang sepindah enggeh puniko pembukaan, monggo acoro wonten dalu puniko kito bikak kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah...

<< Pembacaan Arwah >>

<< Pembacaan Yasin >>

<< Pembacaan Tahlil >>

Mekaten kolo wau wosan yasin, tahlil, dilajengaken mauidhotul khasanah, mugi-mugi saget nambah lancaripun rizki kito sedoyo, lancaripun barokah kito sedoyo lan saget nambah taqwa kito dumateng ngarsanipun Allah SWT. Amiin.

Acara dilanjutaken pemberitahuan informasi. Monggoo...

Acoro engkang terakhir inggih puniko penutup, nangin sakderenge ditutup, monggo kito sedoyo mushofahah utawi bersalam-salaman rumien. 

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb.


0 Komentar