Naskah MC bahasa Jawa Jamaah Yasin Tahlil

Assalamu’alaikum Wr. wb

Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun almukarom KH. Ali Zen ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo-tenggo punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun.

Dumateng panjenenganipun Bapak Zainal Musthofa selaku Ketua Jamaah Yasin Tahlil Al-Ikhlas Kepanjenkidul ingkang kawulo hormati. 

Hadirin Jamaah Yasin Tahlil Al-Ikhlas Rohimakumullah. 

Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Rutinan Yasin lan Tahlil ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap alhamdulillahirobbil alamin. 

Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, amin amiin ya robbal alamin. 

Hadirin Jamaah Yasin Tahlil Al-Ikhlas rohimakumullah. 

Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara-acara ingkang bade kalampah meniko. 

Acara ingkang sepindah, pembacaan arwah

Acara ingkang kaping kalih, tahlil lan yasin

Acara ingkang kaping tigo, mauidloh khasanah sekaligus do’a

Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan ummul kitab. ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah...

Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim. 

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan tahlil lan yasin, ingkang bade di waos deneng al ustadz Luly, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken. 

Dumateng penjenenganipun al lstadz Luly, kawulo aturaken matur nuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT. 

Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko mauidloh khasanah sekaligus do’a ingkang bade dipun sampeaken deneng KH. Ali Zen, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken. 

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. 

Maturnuwun kawulo aturaken, mugi-mugi punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat. Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. 

Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Sumber :  www.sonora.id


0 Komentar