MC Bahasa Jawa untuk Reuni Bani Kyai Umar Zarkasyi

 Assalamu’alaikum Wr. wb

Khadrotil muhtaromin, ingkang kawulo hormati dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah.

Ingkang kawulo hormati poro pini sepuh soho aji sepuh.

Ingkang kawulo hormati poro bapak-bapak , ibu-ibu, Bani Kyai Umar Zarkasyi

Ingkang kawulo banggakan mas2, mbak2, adek2, ponakan, putu, buyut Kyai Umar Zarkasyi.

Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara-acara ingkang bade kalampah meniko.

  1. Acara ingkang sepindah, khotmil Qur'an ingkang sampun di waos lan khatam  
  2. Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al Qur’an, dumateng ananda M Zahir Billah, juara MTQ kab Tuban tingkat SD.
  3. Acara ingkang kaping tigo, pembacaan arwah.
  4. Acara ingkang kaping sekawan, tahlil lan doa tahlil , mangke dipun pimpin dumateng Kyai Umar Tulungagung.
  5. Acara ingkang kaping gangsal, sambutan-sambutan.
  • Sambutan sepindah, sambutan shohibul bait, mangke dumateng Bapak M Sirojudin Hamzah 
  • Sambutan kaping kalih, dumateng KH Sonhaji Khotib.
  • Sambutan kaping tigo dumateng KH Gufron Khotib.

6. Acara ingkang kaping emem, doa - doa lan penutup

  • Doa sepindah, K Huda  Banjar
  • Doa kaping kalih, kyai Soleh Sonah
  • Doa kaping togo, KH Yahya, mbah Yik

Acara dilanjutaken pengumuman-pengumuman lan musyawarah keluarga.

Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah.

Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos dening ananda Zahir Billah, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

................................................

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.

Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko pembacaan arwah. Kirim doa dumateng leluhur kito sedoyo, khususipun dumateng dzurriyah Kyai Umar Zarkasy ingkang sampun sumarih.

<< Pembacaan Arwah >>

<< Pembacaan Yasin >>

<< Pembacaan Tahlil dan Doa>>

Mekaten kolo wau wosan tahlil, mugi-mugi saget nambah lancaripun rizki kito sedoyo, lancaripun barokah kito sedoyo lan saget nambah taqwa kito dumateng ngarsanipun Allah SWT. Amiin.

Acara ingkang selajengipun, sambutan shohibul bait, dumateng Bapak M. Sirojudin Hamzah kawulo summanggaaken.

.............................

Mekaten sambutan saking shohibul bait. Matur nuwun kawulo sampeaken

Acara ingkang selajengipun, sambutan keluarga.

  • Sambutan keluarga dumateng KH Sonhaji Khotib
  • Sambutan keluarga KH Ghufron Khotib. 

Kalih ngisi wekdal, makan saget didhahar lan minuman saget diunjuk. 

Acara ingkang kaping emem, doa - doa 

  • Doa sepindah dumateng Kyai Huda Banjar
  • Doa kaping kalih dumateng Kyai Soleh Sonah
  • Doa kaping tigo dumateng KH Yahya , Mbah Yik. 

Mekaten doa-doa , mugi-mugi saget nambah lancaripun rizki kito sedoyo, lancaripun barokah kito sedoyo lan saget nambah taqwa kito dumateng ngarsanipun Allah SWT. Amiin

Acara selajengipun , pengumuman-pengumuman lan musyawarah keluarga. Monggo ingkang pingin usul, pingin mengumumkan sesuatu . Kawulo sumanggaaken. 

........................

.......................

Pengumuman, niki Kyai Umar Tulungagung bade tindak haji. Mugi2 haji nipun dipun paringi haji mabrur. Amin. Alfatehah.

......................

Pengumuman malih, niki Masjid Wonosari badhe dibangun malih. Monggo niki dulur2 ingkang pingi shodaqoh damel akherat, dipun sumanggaaken.

......................

Maturnuwun kawulo aturaken, mugi-mugi punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat damel keluarga kito sedoyo.

Ngapunen sakderengipun kundur, monggo kito sedoyo musofahah utawi bersalam-salaman rumiyen. Bapak-bapak kalih bapak-bapak, lan ibu-ibu kalih ibu-ibu.

Saksampunipun musofahah, dilanjutaken foto bersama, lan foto per bani.

Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. 

Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq

Wassalamu’alaikum Wr. Wb


0 Komentar